15 Nov 2013

Pidato Bahasa Jawa :)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kula nuwun
Dewan Yuri ingkang kinurmatan
Para pinisepuh, sesepuh ingkang kinabekten
Para rawuh kakung dalasan putri ingkang satuhu bagya mulya
saha kanca-kanca kang daktresnani
Hamurwakani atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur alhamdulillah saha ngaturaken agunging panuwun  dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, saha hidayah, saengga wekdal punika kita saged makempal wonten papan mriki kanthi sehat wal afiat.
Para rawuh ingkang winantu ing karahayon
Kados ingkang sampun kita mangertosi, bilih Basa Jawi punika salah satunggalipun Basa Daerah wonten ing nagari kita. Pramila, sumangga kita sami tansah nglestantunaken Basa Jawi, supados Basa Jawi punika mboten kegerus ingkang perkembanganipun zaman. Basa Jawi punika kalebet wonten ing Kabudayan Jawi. Satunggalipun Budaya Jawi kadosta Tari Jawi, Gamelan Jawi, tembang macapat, geguritan asli Jawi saha sanes-sanesipun. Nanging ingkang langkung baken, kados pundi pambudidaya kita anggenipun badhe nguri-uri Basa Jawi saha Budaya Jawi punika. Mboten klentu, menawi kita purun anggenipun badhe sinau Basa Jawi saha Budaya Jawi. Supados kita saged migunakaken unggah-ungguhing Basa Jawi saha Budaya Jawi kanthi leres.
Para rawuh  ingkang kula kurmati
Bilih kita mangertosi, lare lare sekolah sakmenika anggenipun migunakaken  Basa Jawi tasih kathah ingkang klentu. Lare-lare remen  migunakaken basa ingkang mboten trep kalih unggah-ungguh. Lare-lare ugi remen migunakaken budaya ingkang mboten sae. Pramila, kita tansah ngajari saha nguri-uri Basa Jawi, kejawi menika kita tansah nguri-uri Kabudayan Jawi supados putra wayah kita saged mangertos, migunakaken, saha saged nglestantunaken Kabudayan Jawi kanthi leres lan sae. Ingkang nyinau Basa Jawi punika kanthi sae, saged ndadosaken generasi mudha ingkang nggadhahi sopan santun sarta kerakteripun bangsa ingkang sae.
Wusananing atur, sumangga kita sami nyenyuwun dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, mugi-mugi gegayuhan anggenipun nguri-uri Basa Jawi saha Kabudayan Jawi punika saged kasembadan kanthi sae.
          Mekaten ingkang saged kula aturaken
Puput pepuntoning atur, sedaya kekiranganipun nyuwun agunging pangapunten
                            Lawane munggah iku mudhun
                            Nganggo kebaya uga kemben
                       Menawi kathah luputipun
                    Kula nyuwun pangapunten

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.