3 Des 2014

Sugeng Ambalwarsa Kutho Karanganyarku #Pidato Basa Jawi :)



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kulanuwun
Dewan Yuri ingkang kinurmatan
Para pinisepuh, sesepuh ingkang kinabekten
Para rawuh kakung dalasan putri ingkang satuhu bagya mulya
Saha kanca-kanca kang kula tresnani
Hamurwakaniatur,
Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur Alhamdulillah saha ngaturaken agunging panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, saha hidayah, saengga wekdal punika kita saged makempal wonten papan mriki kanthi sehat wal afiat.
Ing ngarsanipun panjenengan sedaya, kula badhe ngaturaken sekedhik babagan kabudayan ing Karanganyar. Kados ingkang sampun kita mangertosi, bilih wonten ing tanggal punika, 18 November, kita sedaya warga Karanganyar sesarengan mengeti dinten hambalwarsa hadeging Kabupaten Karanganyar. Ing dinten menika kathah sanget acara ingkang dipundamel dening pemerintah. Semanten ugi inggih dipunpengeti dening sedaya warga Karanganyar. SMP Negeri 1 inggih ndamel kagiyatan ingkang ngremeni kagem mengeti dinten ingkang penting sanget punika. Sedaya kala wau dipundamel supados ndadekaken para murid saha sedaya warga sekolah dados warga ingkang bangga saha ngabekti lan tresna marang papan dumunungipun. Kagiyatan punika kayata, ndamel lampion, gerak mlampah sehat, parade busana kejawen, pidato bahasa jawa, maos geguritan, saha ngias tumpeng.
Para rawuh ingkang winantu ing karahayon
Sejarah hadeging Kabupaten Karanganyar wonten hubunganipun kalihan perjoanganipun Raden Mas Said wonten ing warsa 1741 ngantos 1757. Raden Mas Said ingkang kawentar kanthi asma Pangeran Sambernyawa punika ndadosaken tlatah jajahanipun Walanda dados papan kang saged nglawan Walanda. Kabupaten Karanganyar punika kabentuk sesarengan kalih kabupaten Anom Wonogiri lan Kabupaten Anom Malangjiwan ingkang sedaya punika mlebet peprentahan Kadipaten Mangkunegaran. Kabupaten Karanganyar kaperang dados 3 kawedanan, inggih punika Kawedanan Karanganyar, Kawedanan Karangpandan, saha Kawedanan Jumapolo. Ingkang salajengipun 3 kawedawan punika kaperang malih dados 14 kapanewon, inggih punika Karanganyar, Tasikmadu, Jaten, Kebakkramat, Mojogedang, Karangpandan, Matesih, Tawangmangu, Ngargoyoso, Kerjo, Jumapolo, Tugu (Jumantono), Jatipura, saha Jatiyoso.
Ing sasampunipun kamardikan, 3 kawedanan karanganyar mlebet dados kapanewonipun Karanganyar inggih punika, Malangjiwan (samenika Colomadu), Kaliyasa (Samenika Gondangreja), saha Jenawi. Ngantos sakmenika, Kabupaten Karanganyar kaperang dados 17 kecamatan.
Para rawuh ingkang kinurmatan
Kanthi mekaten, piwucalanipun inggih punika hadeging Kabupaten Karanganyar kawiwitan saking peprentahan desa alit ingkang dipunperjuangaken dening Raden Mas Said. Salajengipun, Hadeging Kabupaten Karanganyar dipuntetepaken wonten ing tanggal 18 November 1917. Pramila, sumangga kita sesarengan sami-sami nglestantunaken Kabupaten Karanganyar punika kanthi cara ingkang trep, sae, saha guna. Karanganyar ingkang nggadhahi semboyan Tenteram (Tenang, Teduh, Rapi, Aman, Makmur) punika gadhah kathah sanget kebudayan, adat, para generasi muda ingkang berkualitas, saha sugih ing alame. Saengga kita sedaya kedah nglestantunaken, ngrawati, ngginakaken supados saged guna kagem kita sedaya. Ing 97 tahun punika, ayo kita sedaya ndadosaken Karanganyar dados Kabupaten ingkang maju, nggadhahi kualitas, saha misuwur kabecikanipun wonten ing pundi mawon. Sugeng ambalwarsa Kutho Karanganyarku! Merdeka!!
Mekaten ingkang saged kula aturaken
Puput pepuntoning atur, sedaya kekiranganipun kula nyuwun agunging pangapunten :)
Pak Habibie Ibu Ainun
Madosi Tya mboten enten
Menawi kathah lepatipun
Kula nyuwun pangapunten
Wassalamu’alaikumWr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar